NGURI – URI BUDAYA JAWA
UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWI
Dening Sutrisna Wibawa
Universitas Negeri Yogyakarta
Makalah kangge Gladhen
Pranatacara saha Pamedharsabda
25 Agustus 2014
PASARTA GLADEN ANA DIKLAT GUNUNG SEMPU

1. Pambuka
Unggah-ungguhing
basa mujudaken perangan ingkang baku soksintena ingkang ngginakaken basa
Jawi. Tiyang dipunwastani sae basanipun,
manawi piyambakipun saged ngecakaken unggah-ungguhing basa kanthi leres. Klentu anggenipun ngecakaken unggah-ungguhing
basa, badhe dipunwastani tiyang ingkang boten mangertos unggah-ungguh utawi sopan
santun. Inggih amargi wigatosaipun unggah-ungguhing
basa wonten ing basa Jawi, pramila kedah wonten pambudidaya ingkang
mirunggan kangge ngipuk-ipuk saha mekaraken unggah-ungguhing
basa Jawi.
Kawontenan panganggenipun unggah-ungguhing basa ing bebrayan Jawi taksih kathah ingkang klentu. Panganggenipun unggah-ungguhing
basa tataran krama (basa krama), kanthi
cara ngramakaken awakipun piyambak taksih
asring dipunprangguli ing salabeting bebrayan. Kawontenan menika saged ugi
mujudaken salah kaprah pola pamulangan ing Sekolah Taman Kanak-kanak saha Sekolah Dasar,
tuwin padatan tiyang sepuh ing griya. Wonten ing pamulangan TK saha SD, guru asring klentu anggenipun ngecakaken
unggah-ungguhing basa dhateng siswa, “bocah-bocah sedhela maneh kondur ya!”
utawi dipunwahyakaken ing lagu, “ayo padha kondur…kondur bebarengan”. Wonten ing ngriya ugi makaten, tiyang sepuh nyukani tuladha ngginakaken basa
kanthi cara mbasakaken awakipun piyambak, upaminipun ”Ayo Dhik siram dhisik!”
Saking tuladha menika, lare-lare lajeng
nyonto ngginakaken tembung siram saha kondur kangge nyebat awakipun piyambak. Kangmangka
tembung siram saha kondur
kedahipun dipunginakaken kangge nyebat
tiyang sanes ingkang dipunkormati.
Kajawi kawontenan panganggenipun unggah-ungguhing basa
ingkang taksih klentu, wujudipun
unggah-ungguhing basa ing jaman samenika
sampun beda kaliyan jaman rumiyin. Manawi
jaman rumiyin, wujudipun unggah-ungguhing basa menika maneka warni,
ing jaman samenika unggah-ungguh ingkang maneka warni menika sampun boten
sadaya dipunangge ing madyaning
masyarakat. Wonten Parepatan Kongres
Basa Jawi I taun 1991 ingkang kapacak ing
buku “Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa” (Sudaryanto
ed., 1991:5), dipuntetepaken bilih unggah-ungguhing basa Jawi menika
bakunipun wonten sekawan, inggih menika (1) ngoko, (2) ngoko alus, (3) krama, saha
(4) krama alus. Sajawining sekawan wujud
menika, upami wonten (upaminipun madya)
mujudaken basa padintenan ingkang boten baku.
Lumantar makalah
menika, badhe dipunrembag kalih perangan, inggih
menika (1) Kadospundi wujudipun unggah-ungguhing basa Jawi?, saha (2) Kasdospundi pambudidaya ngipuk-ipuk
saha mekaraken unggah-ungguhing basa Jawi?
2. Wujudipun Unggah-ungguhing Basa Jawi
Unggah-ungguhing basa Jawi inggih menika sistem ragam basa
miturut sesambetanipun antawisipun pamicara (Kridalaksana, 1992:10). Wonten ing
ilmu sosiolinguistik, unggah-ungguhing basa
dipunwastani ragam fungsiolek, inggih menika ragam ingkang wonten sesambetanipun kaliyan swasana panganggenipun basa utawi tataran formalitas (Nababan, 1986:14).
Blegeripun unggah-ungguh menika wonten kalih, inggih menika
unggah-ungguh krama saha ngoko. Manawi dipuntingali
saking aspek tataran basa atawi diglosia,
wonten variasi inggil inggih menika tataran krama
saha variasi andhap inggih
menika tataran ngoko
(Hudson, 1980:53). Antawisipun tataran krama saha ngoko
wonten ragam madya ingkang
mujudaken tingkat tutur inggil ingkang
sampun ewah kanthi proses informalisasi saking ragam
formal dhateng ragam informal.
Manawi dipunrunut saking sejarah, wujudipun unggah-ungguhing
basa Jawi menika wonten maneka warni, inggih menika:
1.
Manut buku “Karti Basa” (Kementerian Pendidikan,
Pengajaran dan Kebudayaan Republik Indonesia, 1946:64-87), unggah-ungguh menika
wonten pitung tataran:
a.
Ngoko:
(1)
Ngoko lugu
(2)
Ngoko andhap
(a)
Antya basa
(b)
Basa antya
b.
Madya:
(1)
Madya ngoko
(2)
Madyantara
(3)
Madya karma
c.
Krama:
(1)
Mudha krama
(2)
Kramantara
(3)
Wredha krama
d.
Krama inggil
e.
Basa kadhaton
f.
Krama desa
g.
Basa kasar
2.
Manut buku “Sarining
Paramasastra Jawa” (W.J.S. Poerwadarminta, 1953:9), unggah-ungguhing basa kaperang dados:
a.
Basa ngoko:
(1)
Ngoko lugu
(2)
Ngoko andhap
b.
Basa madya:
(a)
Madya ngoko
(b)
Madya krama
(c)
Madyantara
c.
Basa krama:
(1)
Mudha krama
(2)
Kramantara
(3)
Wredhakrama
(4)
Krama inggil
(5)
Krama desa
d.
Basa kedhaton (bagongan)
Ing buku menika dipunterangaken bilih unggah-ungguhing basa
ingkang maneka warni menika ingkang
asring dipunginakaken namung tiga, inggih menika: basa ngoko, mudha krama, saha krama inggil.
3.
Manut panaliten ingkang dipunayahi dening Soepomo Poedjosoedarmo sakanca nalika
taun 1979, (Poedjosoedarmo, 1979:13),
unggah-ungguhing basa saged dipungerba kados ing ngandhap menika.
a.
Krama:
(1)
Mudha krama
(2)
Kramantara
(sampun awis-wis kamiringaken)
(3)
Wredha krama (sampun awis-wis kamiringaken)
b.
Madya:
(1)
Madya krama
(2)
Madyantara
(3)
Madya ngoko
c.
Ngoko:
(1)
Basa antya
(2)
Antya basa
(3)
Ngoko lugu
Katrangan
sawetawis bab peranganing unggah-ungguh basa ing nginggil, makaten:
a.
Basa Ngoko : basa ngoko
kaperang dados ngoko lugu saha ngoko andhap.
Ngoko andhap kaperang malih dados antya basa saha basa antya. Tuladha ngoko
lugu, antya basa, saha basa antya makaten:
(1) Ngoko lugu: sadaya tembung-tembungipun
tembung ngoko, tuladha:
Lo kowe Dhi.
Wayah apa tekamu?
Rak ya padha
slemet ta tekamu?
(2)
Ngoko andhap:
-
antya basa: tembung-tembungipun ngoko
dipuncampur ngangge krama inggil kangge nedahaken raos ngormati, tuladha:
-
Ora, Kangmas, suwe ora ngetingal-ngtingal kuwi tindak
ngendi?
-
Wah, Dhimas kuwi rada ngece, genah wis priksa kok mundhut
priksa.
-
basa antya: tembung-tembungipun tembung
ngoko dipuncampur ngangge basa krama saha krama inggil, tuladhanipun:
-
Dakarani sliramu dhek mau bengi saestu mr9ksani ringgit
ana ing daleme Pak Lurah.
-
Gek lampahe apa Dhimas, gamelane sedalu natas ngungkung
wae.
b.
Basa Madya : basa
madya menika tataraning unggah-ungguh basa sanginggililipun basa ngoko saha
sangandhapipun basa krama, dados tengah -tengah (madya). Basa madya kaperang
dados madya ngoko, madya krama, saha madyantara.
(1)
Madya ngoko: tembung-tembungipun
kadadosan saking tembung madya kacampuran tembung ngoko ingkang boten wonten
madyanipun, tuladha:
Pundi woh-wohane
sing becik-becik niki?
Niku napa kurang
becik?
Dadi ajeng diengo
pista niku, woh-wohan kaya mekaten?
(2)
Madya
krama: tembung-tembungipun madya, kacampuran tembung krama ingkang boten wonten
madyanipun, tuladha:
E, Yu nggendhong
lurik, Dika mandheg sedhela.
Napa ajeng
tumbas?
Wong ngendheg
nek boten ajeng tuku ajeng napa?
(3)
Madyantara: tembung-tembungipun saking
basa madya krama, nanging tembung-tembung ingkang tumuju dhateng tiyang ingkang
dipunajak pangandikan dipungantos krama inggil, tuladha:
Weton kula
tumbuk umur 33 tahun, slametane apa wis samang pikir?
Rak siyos
mbenjing tanggal 7 wulan Robingulakir ngajeng niki ta?
c.
Basa Krama: basa krama menika
tembung-tembungipun saha panambangipun sadaya krama. Basa krama kaperang dados
mudha krama, kramantara, saha wredha krama.
(1)
Mudha krama: tembung-tembungipun sadaya
krama dipuncampuri krama inggil tumrap tiyang ingkang dipunajak pangandikan,
tuladha:
Bapak, menika wonten tamu. Sajakipun priyantun
tebih.
Inggih temtunipun damel kaget Bapak sekaliyan.
Tiyang kula boten ngaturi serat langkung rumiyin.
Kasinggihan makaten Bapak. Estunipun kula malah
nyuwun pangapunten, dene kula boten
kerep sowan.
(2)
Kramantara: tembung-tembungipun sadaya
krama, mboiten kacampuran krama inggil,
tuladha:
Kula nedha nyambut gadhahan sampeyan gangsa kangge
klenengan.
Kalih pisan kemawon, mangke yen namung salah
satunggal mindhak damel cuwaning tamu.
(3) Wredha Krama: sami kaliyan kramantara, dene bedanipun wonten ater-ater di,
e, saha ake, tuladha:
Pinten lelangane kapalnika?
Dados mboten kirang kawan atur resike?
Menapa mulus mboten wonten cirine?
d.
Krama Inggil: basa krama inggil menika
tembung-tembungipun sadaya krama, dipuncampur ngangge tembung krama inggil
tumrap tiyang iongkang dipun ajak pangandikan, tuladha:
Kula nun inggih. Nanging abdi dalm kula rumaos
gela sakedhik.
Kula nun dipunrumiyini ing atu dhaten abdi dalm pun
kakang Mandang, yen abdi dalem kula badhe nyaosi pisungsung sawung abenan.
e.
Krama Desa: tembung-tembungipun krama,
dipuncampur kaliyan tembung-tembung krama desa, tuladhanipun:
Pangestunipun
sampeyan, inggih wilujeng. Sowan kula ngaturakn kagungan sampeyan pantun gagi
samenika sampun sepah.
Boganipun
dereng, dhekemanipun kados sepeken engkas sampun sepah.
f.
Basa Bagongan: basa ingkang
dipunginakaken ing wewengkon kraton, tuladhanipun:
Pripun den bekel leh pakenira nggarap petamanan.
Sampun sewulan puniki kok boya ketingal asri. Malah kathah sekare sing pejah.
Enggih kalangkung-langkung penjagine, ewa semanten
boya wonten undhake. Sekare pijer pejah besaos. Ngaten-ngatena, punapi dede
sitine sing awon puniku?
Nedha disaekake tiyang kalih, mindhak kedukanan
Sampeyan Dalem.
Saking maneka warni sumber (taun 1946 dumudi 1980-nan),
wujudipun unggah-ungguhing basa mratahipun inggih kados ingkang katur ing
nginggil. Nembe taun 1980-nan dumugi 1990-nan kathah parepatan-perepatan ingkang ngrembag
bab unggah-ungguhing basa supados
kadamel prasaja, boten kangelan anggenipun sinau, saha saged dipuncakaken kangge sesambetan ing
bebrayan, langkung-langkung tumrap generasi mudha. Wusuna, ing tahun 1991 wonten ing “Parepatan
Agung Kongres Basa Jawi I” ingkang dipunpacak ing buku “Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa” (Sudaryanto
ed., 1991:5), dipuntetepaken bilih unggah-ungguhing basa Jawi menika kaperang adhedhasar dipunginakaken lan botenipun tembung-tembung ingkang nggadhahi raos alus ing tataran ngoko menapa dene krama.
Kanthi adhedhasar menika, unggah-ungguhing basa kaperang dados (1) ngoko, (2) ngoko alus, (3) krama, saha
(4) krama alus. Sajawining sekawan wujud
menika, upami wonten (upaminipun madya)
mujudaken basa padintenan ingkang boten baku. Dene ingkang
dipunkajengaken raos alus inggih
menika tembung-tembung ingkang klebet golonganing krama inggil.
Tuladha:
Ngoko (ngoko lugu)
“Ooo, yawis
ta saiki crita liyane wae. Karo maneh ora apik bengi-bengi teka crita kaya
ngono…, wis, wis … eh, mengko sedhela engkas yen wis kecekel rak tentrem”
Ngoko alus:
“Ibu tindak ngendi ta Yu? Kok ora kondur-kondur! Bapak ya ora ana ndalem, tindak ngendi ta?”
Krama
(krama lugu)
“Inggih
Pak, kula Darmanto. Kula badhe taken, menapa Bapak sumerep griyanipun
Pak Agung?”
Krama
alus
“Lajeng
samenika Bapak badhe tindak
pundi? Pakdhe badhe tindak menapa wonten ndalem?”
Wujudipun unggah-ungguhing basa manut “Buku Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa”
(Sudaryanto ed., 1991) menika lajeng dados pandom ing
pamulangan-pamulangan ing Pulo Jawi (DIY, Jawa Tengah, saha Jawa Timur).
3. Kawontenan Panganggeninipun
Unggah-ungguhing Basa Jawi
Wonten ing bebrayan Jawi
samenika, unggah-ungguhing basa taksih lumampah kanthi sae, sinaosa
panganggenipun taksih wonten ingkang klentu. Jer unggah-ungguhing basa menika
mujudaken satunggaling subasita Jawi, kados ingkang sinawung ing sekar macapat ing ngandhap menika.
“Mungguh laku miwah hurip hiki,
wis cinakup hing haksara Jawa,
Jawa jawi lan jiwane,
Jawa pikajengipun,
Prasahaja walaka yekti,
Jawi basa
kramanya,
Subasitanipun,
Jiwaning budayanira,
Jiwi hiku sawiji lawan Hyang Widhi,
Purneng haksara Jawa”.
(Pakoe
Boewana IX, lumantar Maryono, 2002: 207)
Ing sekar menika Pakoe Boewana IX
maringi penget bilih basa krama menika satunggaling wujud
subasita. Pramila kasinggihan manawi unggah-ungguhing basa menika taksih
gesang, amargi tiyang gesang menika mbetahaken sesambetan satunggal kaliyan
satunggalipun, saha ing salebiting
bebrayan menika mbetahaken ajen-ingajenan.
Panalitenipun Suharti sakanca (1993) wonten satunggaling kulawarga Jawi ing
Ngayogyakarta ingkang dumugi samenika taksih ngginakaken basa krama
kangge sesambetan sadinten-dinten. Kawontenan menika nggadhahi ancas supados
lare dipunkulinakaken ngajeni dhateng tiyang sanes. Ing panaliten menika ugi dipunpanggihaken,
bilih pamilihipun wujud unggah-ungguh tartamtu, amargi kepengin ngajeni tiyang
sanes, swasana sosial, sesambetan ingkang sampun rumaket, saha demokratisasi.
Unggah-ungguh ingkang taksih dipunginakaken ingkang dominan inggih menika ngoko
alus, krama alus, saha campuran antawisipun basa Jawi tuwin basa Indonesia.
Menggah
cak-cakaipun unggah-ungguhing
basa pancen taksih wonten ingkang klentu. Kados panalitenipun Sutrisna
Wibawa (1995) dhateng mahasiswa Program
Studi Bahasa Jawa FBS UNY, manggihaken
panganggenipun unggah-ungguhing basa ingkang taksih klentu kados ing ngandhap menika:
Pawicantenan (1)
(1.a) Tamu: Boten wonten napa-napa,
kula namung kepengin sowan mawon.
(1.b) Bu
Budi: Inggih ngaten Bu, menggah perlunipun marak sowan dhateng
Ibu, ingkang sepisan tuwi kawilujengan.
(1.c) Bu Hadi: Manawi
ingkang mundhut njenengan, nggih mangga.
Panganggenipun tembung napa-napa saha mawon ing ukara
(1.a) kedahipun
menapa-menapa saha kemawon;
tembung ngaten ing ukara (1.b) kedahipun makaten, saha tembung njenengan tuwin nggih ing ukara (1.c) kedahipun panjenengan tuwin inggi. Klentuning panganggenipun
unggah-ungguhing basa wujud krama alus kados ukara (1.a) dumudi (1.c) amargi kadayan saking basa padintenan, kanthi
cara dipuncekak (menapa-menapa dados napa-napa, kemawon dados mawon, makaten
dados ngaten, panjenengan dados njenengan, saha inggih dados nggih).
Keklentuan sanesipun inggih menika taksih
dipunpanggihi ngginakaken tembung krama inggil kangge awakipun piyambak.
Pawicantenan
(2)
(2.a) Tamu:
Boten wonten menapa-menapa, kula namung badhe pinarak wonten
ngriki.
(2.b) Pak
Krama: Manawi makaten mangga kula aturi tindak dhateng kantor, mangke Panjengan
saged kula paringi buku caranipun nanem semangka.
(2.c) Bagas: Kula nitih sepedha motor
Pak!
Tembung pinarak wonten ing ukara (2.a)
kedahipun mampir, tembung
paringi ing ukara (2.b) kedahipun caosi, saha tembung nitih ing ukara (2.c) kedahipun numpak.
Panalitenipun Darsiti Suratman (1991:22) manggihaken panganggenipun basa Jawi ing
lingkungan kulawarga pasca proklamasi kemerdekaan, makaten: ngoko campur
kaliyan krama inggil 60%, ngoko campur
kaliyan basa Indonesia 15%, krama inggil 13%, ngoko lugu 6%, krama campur kaliyan
basa Indonesia 1,7%, basa Indonesia 1,7%, saha ngoko campur basa asing 1,75%.
Saking
andharan bab kawontenan panganggenipun unggah-ungguh basa Jawi, saged dipunpendhet
dudutanipun inggih menika kulawarga Jawi ing titi wanci menika taksih ngecakaken
unggah-ungguhing basa kangge sesambetan. Namung kemawon, kedah dipunpeggalihaken bilih kajawi
ngginakaken basa Jawi manut unggah-ungguhipun, tiyang Jawi ing pundi
kemawon ugi ngginakaken basa sanesipun. Tiyang Jawi ing DIY, Jawa Tengah, saha Jawa
Timur kajawi ngginakaken basa Jawi, ugi ngginakaken basa Indonesia tuwin basa
asing. Tiyang Jawi ing Lampung kajawi
ngginakaken basa Jawi, ugi ngginakaken basa Lampung-basa Indonesia-tuwin basa
asing. Tiyang Jawi ing Suriname kajawi
ngginakaken basa Jawi, ugi ngginakaken basa Welandi saha basa Inggris. Semanten ugi, tiyang Jawi
ingkang mapan ing wilayah
sanesipun kajawi ngginakaken basa
Jawi, ugi ngginakaken basa ingkang gesang lan dipunangge ing wilayahipun. Ingkang menika perlu pambudidaya ingkang
mirunggan amrih sadaya kabetahan sesambetan (pirantos komunikasi) saged
kacekapan.
4. Pambudidaya
Ngipuk-ipuk saha Mekaraken Unggah-ungguhing Basa
Andharan ing nginggil
nerangaken bilih tiyang gesang menika mbetahaken ajen-ingajenan
satunggal kaliyan satunggalipun. Kangge mahyakaken raos ajen-ingajenan
menika, ing bebrayan Jawi, tiyang Jawi
ngginakaken basa ingkang cocog kaliyan
unggah-ungguhing basa. Kadospundi anggenipun ngipuk-ipuk saha mekaraken
supados tiyang Jawi ngginakaken basa Jawi cocok kaliyan unggah-ungguhing basa?
a.
Panganggenipun ing Kulawarga
Kulawarga mujuduaken papan ingkang sepisanan nggladhi
basa dhateng putra-putranipun. Minangka
papan ingkang sepisanan, kulawarga Jawi kedah ngudi supados basa ingkang
dipunginakaken ing salebeting kulawarga inggih menika basa Jawi. Wiwit alit
lare-lare kedah dipunkulinakaken ngginakaken basa Jawi. Putra dhateng
tiyang sepuh dipunkulinakaken basa krama alus, dene tiyang sepuh dhateng
putranipun ngginakaken ngoko alus. Manawi wonten ing griya sampun
dipunkulinakaken ngginakaken basa cocok kaliyan unggah-ungguhipun, pakulinan menika ugi badhe dipunginakaken ing
papan sanes. Makaten ugi, nalika sesambetan ing masyarakat, lare ugi lajeng nggadhahi pakulinan ngginakaken basa
Jawi. Ingkang menika, lare lajeng badhe manunggal kaliyan masyarakatipun.
Budiono
Heru Satoto (1995) ing “Kedaulatan Rakyat” nyerat makaten “Apabila peranan sang ibu
untuk mengajarkan kata demi kata bahasa Jawa kepada oroknya sejak ia dilahirkan
dapat berjalan normal, dan melatih anak-anaknya sejak usia satu tahun tentang
tata krama, adat dan kebiasaan Jawa, maka sampai dengan sang anak masuk ke sekolah formal tentulah sang anak
akan dapat dengan mudah pula mengikuti
pelajaran bahasa Jawa yang diajarkan
sebagai mata pelajaran muatan lokal tingkat Sekolah Dasar sampai SMK/SMU
di wilayah Propinsi DUY, Jawa Tengah, dan Jawa Timur sebagai pelaksanaan dari
Keputusan Kongres Bahasa Jawa III-2001 di Hotel Ambarrukmo Yogyakarta”. Ing
seratan menika, Heru Satoto mahyakaken wigatosipun ngulinakaken ngginakaken
basa Jawi wiwit saking kulawarga.
b.
Panganggenipun ing Masyarakat
Sesambetan
(komunikasi) ing masyarakat Jawi sampun
samesthinipun manawi ngginakaken basa Jawi. Dene wujud unggah-ungguh ingkang
dipunginakaken inggih cocok kaliyan tatarannipun. Upaminipun sesambetan
antawisipun tiyang sepuh dhateng tiyang ingkang langkung enem utawi sasami-sami
ngginakaken ngoko saha ngoko alus (gumantung sinten ingkang wicaantenan utawi
O1, sinten ingkang dipunajak wicantenan utawi O2, saha sinten ingkang dipunraosi
utawi O3). Komunikasi antawisipun tiyang
enem kaliyan tiyang sepuh mesthinipun ngginakaken krama
utawi krama alus (gumantung sinten ingkang wicantenan utawi O1, sinten ingkang dipunajak wicantenan utawi O2, saha sinten ingkang dipunraosi
utawi O3).
Dene
manawi ing parepatan-parepatan, wiwahan, saha pengetan ingkang mirunggan kedah ngginakaken
unggah-ungguhing basa ingkang wujud krama alus. Kados kawontenan samenika, wonten ing kitha-kitha sangsaya
grengseng wontenipun upacara-upacara
adat Jawi ingkang ngginakaken basa Jawi
krama alus. Kawontenan menika temtu
badhe nyengkuyung kawontenan
ingkang “Njawani”, saengga masyarakat Jawi, mliginipun para mudha saged sami sinau
basa Jawi saking masyarakat.
c.
Panganganggenipun ing Paguyuban-paguyuban
Wonten
ing masyarakat Jawi, mliginipun ing
wewengkon DIY saha Jawa Tengah,
taksih kathah paguyuban-paguyuban
seni Jawi, kadosta paguyuban macapatan, paguyuban kethoprak, paguyuban
karawitan, paguyuban campur sari, paguyuban jathilan, lan sanes-sanesipun. Kajawi menika, paguyuban-paguyuban pamong budaya
ugi taksih wonten, upaminipun
paguyuban ingkang mligi sinau basa lan
seni Jawi, saha paguyuban ingkang
mandhegani upacara-upacara adat Jawi.
Saking
paguyuban-paguyuban menika temtu saged
pinangka ajang ingkang ces pleng (efektif) kangge ngipuk-ipuk saha mekaraken
basa Jawi. Panganggenipun basa Jawi ing paguyuban-paguyuban menika adatipun sami dipunudi laras kaliyan unggah-ungguhing basa. Ingkang menika saged kangge patuladhan dhateng masyarakat Jawi, langkung-langkung tumrap para nem-neman ingkang
nembe nggladhi basa ngginakaken
basa Jawi cocok kaliyan unggah-unguhing basa.
d.
Kawegigan Ngginakaken Basa Jawi
Wonten
ing masyarakat Jawi samenika, kathah para mudha ingkang kirang kawegigaganipun ngginakaken basa Jawi amargi ajrih klentu, mliginipun ajrih manawi klentu ngginakaken
basa Jawi krama inggil. Kawontenan
menika pancen ndadosaken keprihatosan kita. Menapa malih tumrap para sepuh, asring para
sepuh nggadhahi raos-pangraos dhateng
para mudha bilih para mudha samenika
basa Jawinipun sampun risak.
Kangge
mbengkas kawontenan menika, masyarakat Jawi, mliginipun para sepuh kedah mbudidaya saha nyengkuyung
supados para mudha nggadhahi kawegigan ngginakaken basa Jawi. Ingkang baku,
para mudha gumregah ngginakaken basa Jawi langkung rumiyin. Bab leres lan
botenipun anggenipun ngginakaken basa, dipunudi kaliyan mlampah. Malah ing
ngriku, para sepuh kedah nyukani tuladha
kadospundi basa ingkang sae lan leres. Manawi para mudha lepat anggenipun ngginakaken basa, lajeng enggal-enggal
dipunleresaken. Kanthi menika, para mudha pinangka generasi ingkang
nglajengaken nggesangaken basa Jawi sangsaya sae lan leres anggenipun ngginakaken
basa Jawi.
e. Panganggenipun ing Media Massa
Media
massa mujudaken pirantos ingkang ugi ces pleng (efektif) kangge ngipuk-ipuk
saha mekaraken unggah-ungguh basa Jawi, awit lulamtar media massa sadaya
wujudipun unggah-ungguh saged dipuncakaken miturut konteksipun. Ing ngriku,
masyarakat Jawi saged sinau ngginakaken basa Jawi ingkang cocok kaliyan
unggah-ungguhipun.
Namung
kemawon, media massa basa Jawi taksih winates. Ing Ngayogyakarta, wonten kalawarti
kalih cacahipun ingkang taksih gesang,
inggih menika Kalawarti Joko Lodhang saha Mekarsari (Mekarsari kababar
sesarengan kaliyan Kadulatan Rakyat saben dinten Kemis). Kajawi kalih menika, ugi wonten kalawarti
ingkang kababar dening Pemda DIY saha Sanggar Sastra Jawi, namung oplahipun
winates sanget. Ing Jawa Timur wonten Kalawarti
Panyebar Semangat saha Jaya Baya.
Kajawi
media massa ingkang arupi kalawarti, ing Ngayogyakarta wonten televisi
lokal ingkang nggadhahi adicara ingkang
ngginakaken basa Jawi. Ing TVRI Ngayogyakarta wonten giaran Pangkur Jenggleng,
Angkringan, saha Pawartos Basa Jawi. Ing Joga TV ingkang nggadahi moto “tradisi tiada henti” wonten wartos basa
Jawi, campur sari, saha giaran kesenian
Jawi. Kawontenan menika temtu sangsaya
nggrengsengaken mekaripun budaya Jawi.
f.
Cak-cakanipun Unggah-ungguhing Basa ing
Pamulangan
Wonten ing pawiyatan sekolah dasar dumugi pawiyatan luhur,
pamulangipun basa Jawi kedah ngecakaken unggah-ungguhing basa. Caranipun mulangaken kedah langsung praktek ngginakaken basa manut
unggah-ungguhipun. Pamulangan basa Jawi ingkang sampun mataun-taun ngapalaken
jinising unggah-ungguh saha ngapalaken tembung–tembung ngoko dados krama tuwin
krama dados ngoko, kedah
dipungantos pamulangan ingkang langsung mraktekaken utawi ngecakaken basa laras kaliyan unggah-ungguhipun. Manawi
kacocokaken kaliyan kurikulum ingkang lumampah samenika, kurikulum berbasis kompetensi, cak-cakanipun
wulangan unggah-ungguh basa Jawi kedah saged ndamel siswa trampil ngginakaken basa ingkang laras
kaliyan unggah-ungguhing basa, saengga murid nggadhahi kompetensi komunikasi
basa Jawi.
5. Panutup
Unggah-ungguh basa
mujudaken perangan ingkang baku soksintena ingkang ngginakaken basa Jawi.
Tiyang dipunwastani sae basanipun,
manawi piyambakipun saged ngecakaken unggah-ungguh basa kanthi leres. Klentu anggenipun ngecakaken unggah-ungguh
basa, badhe dipunwastani tiyang ingkang boten mangertos unggah-ungguh utawi sopan
santun. Ingkang menika, kedah wonten
pambudidaya ingkang mirunggan kangge ngipuk-ipuk saha mekaraken unggah-ungguh basa.
Unggah-ungguhing
basa Jawi bakunipun
kaperang adhedhasar dipunginakaken lan botenipun tembung-tembung ingkang nggadhahi raos alus ing tataran ngoko menapa dene krama,
inggih menika (1) ngoko, (2)
ngoko alus, (3) krama, saha (4) krama alus.
Sajawining sekawan wujud menika, upami
wonten (upaminipun madya) mujudaken
basa padintenan ingkang boten
baku. Dene ingkang dipunkajengaken raos
alus inggih menika tembung-tembung ingkang klebet golonganing krama inggil.
Pambudidaya ngipuk-ipuk saha mekaraken unggah-ungguhing
basa saged lumantar: (a) panganggenipun
ing salebeting kulawarga, (b) panganggenipun ing masyarakat, (c)
panganganggenipun ing paguyuban-paguyuban,
(d) kawegigan ngginakaken basa Jawi, (e)
panganggenipun ing media massa,
saha (f) cak-cakanipun unggah-ungguhing basa ing pamulangan.
DAFTAR PUSTAKA
Dwiraharjo, Maryana. 2002. Transhirarkhi dalam
Bahasa Jawa dan Masyarakat Tuturnya. Proseding Kebahasaan Kongres Bahasa Jawa.
Yogyakarta: Pemda DIY.
Herusatoto, Budiono. 2005. “Era Baru
Kontemporer bagi Budaya Jawa” dalam Kedaulatan
Rakyat, Minggu Pahing 15 Mei 2005.
Hudson, R. A. 1980. Sosiolinguistics. Cambridge: University Press.
Kridalaksana,
Harimurti. 1982. Kamus Linguistik.
Jakarta: Gramedia.
Kementerian
PP dan K RI. 1946. Kartibasa. Djakarta.
Nababan,
P.W.J. 1986. Sosiolinguitik suatu Pengantar.
Jakarta: Gramedia.
Poerwadarminta, W.J.S. 1953. Sarining Paramasastra Djawa. Djakarta:
Noordhoff Kolff.
Poedjosoedarmo, Soepomo, dkk. 1979. Tingkat Tutur Bahasa Jawa. Jakarta:
Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa.
Sudaryanto.
1989. Pemanfaatan Potensi Bahasa.
Yogyakarta: Kanisius.
Sudaryanto (editor). 1991. Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa.
Yogyakarta: Duta Wacana University Press.
Suharti, dkk. 1993. Kajian Unggah-ungguh Bahasa Jawa dalam
Keluarga Jawa di Yogyakarta. Yogyakarta: Lembaga Penelitian.
Sutrisna Wibawa, 2005. Identifikasi
Ketidaktepatan Penggunaan Unggah-ungguh Bahasa Jawa pada Mahasiswa
Program Studi Bahasa Jawa. Yogyakarta: Fakultas Bahasa dan Seni.
Suratman, Darsiti, 1991. “Pembinaan
Bahasa Jawa di Lingkungan Keluarga” Semarang: Kongres Bahasa Jawa I.